1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran
--- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
2. Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau
Jawa berkalung besi.
3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang
--- Perahu berjalan di angkasa.
4. Kali ilang kedhunge --- Sungai
kehilangan mata air.
5. Pasar ilang kumandhang --- Pasar
kehilangan suara.
6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya
wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
7. Bumi saya suwe saya mengkeret ---
Bumi semakin lama semakin mengerut.
8. Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal
tanah dikenai pajak.
9. Jaran doyan mangan sambel --- Kuda
suka makan sambal.
10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang
--- Orang perempuan berpakaian lelaki,
11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni
wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
12. Akeh janji ora ditetepi --- Banyak
janji tidak ditepati.
13. Akeh wong wani nglanggar sumpahe
dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
14. Manungsa padha seneng nyalah---
Orang-orang saling lempar kesalahan.
15. Ora ngendahake hukum Hyang Widhi---
Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
16. Barang jahat diangkat-angkat--- Yang
jahat dijunjung-junjung.
17. Barang suci dibenci--- Yang suci
(justru) dibenci.
18. Akeh manungsa mung ngutamakke
dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.
19. Lali kamanungsan--- Lupa jati
kemanusiaan.
20. Lali kabecikan--- Lupa hikmah
kebaikan.
21. Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak
lupa saudara.
22. Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa
anak.
23. Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak
anak berani melawan ibu.
24. Nantang bapa--- Menantang ayah.
25. Sedulur padha cidra--- Saudara dan
saudara saling khianat.
26. Kulawarga padha curiga--- Keluarga
saling curiga.
27. Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi
lawan.
28. Akeh manungsa lali asale --- Banyak
orang lupa asal-usul.
29. Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman
Raja tidak adil
30. Akeh pangkat sing jahat lan
ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil
31. Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak
ulah-tabiat ganjil
32. Wong apik-apik padha kapencil ---
Orang yang baik justru tersisih.
33. Akeh wong nyambut gawe apik-apik
padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
34. Luwih utama ngapusi --- Lebih
mengutamakan menipu.
35. Wegah nyambut gawe --- Malas untuk
bekerja.
36. Kepingin urip mewah --- Inginnya
hidup mewah.
37. Ngumbar nafsu angkara murka,
nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
38. Wong bener thenger-thenger --- Orang
(yang) benar termangu-mangu.
39. Wong salah bungah --- Orang (yang)
salah gembira ria.
40. Wong apik ditampik-tampik--- Orang
(yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
41. Wong jahat munggah pangkat--- Orang
(yang) jahat naik pangkat.
42. Wong agung kasinggung--- Orang
(yang) mulia dilecehkan
43. Wong ala kapuja--- Orang (yang)
jahat dipuji-puji.
44. Wong lanang ilang kaprawirane---
Laki-laki hilang perwira/kejantanan
45. Akeh wong lanang ora duwe bojo---
Banyak laki-laki tak mau beristri
46. Akeh wong wadon ora setya marang
bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.
47. Akeh ibu padha ngedol anake---
Banyak ibu menjual anak.
48. Akeh wong wadon ngedol awake---
Banyak perempuan menjual diri.
49. Akeh wong ijol bebojo--- Banyak
orang tukar istri/suami.
50. Wong wadon nunggang jaran---
Perempuan menunggang kuda.
51. Wong lanang linggih plangki---
Laki-laki naik tandu.
52. Randha seuang loro--- Dua janda
harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
53. Prawan seaga lima--- Lima perawan
lima picis.
54. Dhudha pincang laku sembilan uang---
Duda pincang laku sembilan uang.
55. Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak
orang berdagang ilmu.
56. Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang
mengaku diri.
57. Njabane putih njerone dhadhu--- Di
luar putih di dalam jingga.
58. Ngakune suci, nanging sucine
palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
59. Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu
banyak muslihat.
60. Akeh udan salah mangsa--- Banyak
hujan salah musim.
61. Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan
tua.
62. Akeh randha nglairake anak--- Banyak
janda melahirkan bayi.
63. Akeh jabang bayi lahir nggoleki
bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya.
64. Agama akeh sing nantang--- Agama
banyak ditentang.
65. Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan
semakin hilang.
66. Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi.
67. Omah ala saya dipuja--- Rumah
maksiat makin dipuja.
68. Wong wadon lacur ing ngendi-endi---
Perempuan lacur dimana-mana.
69. Akeh laknat--- Banyak kutukan
70. Akeh pengkianat--- Banyak
pengkhianat.
71. Anak mangan bapak---Anak makan
bapak.
72. Sedulur mangan sedulur---Saudara
makan saudara.
73. Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi
lawan.
74. Guru disatru---Guru dimusuhi.
75. Tangga padha curiga---Tetangga
saling curiga.
76. Kana-kene saya angkara murka ---
Angkara murka semakin menjadi-jadi.
77. Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa
tahu terkena beban.
78. Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang
tak tahu disalahkan.
79. Besuk yen ana peperangan---Kelak
jika terjadi perang.
80. Teka saka wetan, kulon, kidul lan
lor---Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
81. Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak
orang baik makin sengsara.
82. Wong jahat saya seneng--- Sedang
yang jahat makin bahagia.
83. Wektu iku akeh dhandhang diunekake
kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
84. Wong salah dianggep bener---Orang
salah dipandang benar.
85. Pengkhianat nikmat---Pengkhianat
nikmat.
86. Durjana saya sempurna--- Durjana
semakin sempurna.
87. Wong jahat munggah pangkat--- Orang
jahat naik pangkat.
88. Wong lugu kebelenggu--- Orang yang
lugu dibelenggu.
89. Wong mulya dikunjara--- Orang yang
mulia dipenjara
90. Sing curang garang--- Yang curang
berkuasa.
91. Sing jujur kojur--- Yang jujur
sengsara.
92. Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang
banyak yang tenggelam.
93. Wong main akeh sing ndadi---Penjudi
banyak merajalela.
94. Akeh barang haram---Banyak barang
haram.
95. Akeh anak haram---Banyak anak haram.
96. Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan
melamar laki-laki.
97. Wong lanang ngasorake drajate
dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri.
98. Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak
barang terbuang-buang.
99. Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak
orang lapar dan telanjang.
100.Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli
membujuk penjual.
101.Sing dodol akal okol---Si penjual
bermain siasat.
102.Wong golek pangan kaya gabah
diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
103.Sing kebat kliwat---Yang tangkas
lepas.
104.Sing telah sambat---Yang terlanjur
menggerutu.
105.Sing gedhe kesasar---Yang besar
tersasar.
106.Sing cilik kepleset---Yang kecil
terpeleset.
107.Sing anggak ketunggak---Yang congkak
terbentur.
108.Sing wedi mati---Yang takut mati.
109.Sing nekat mbrekat---Yang nekat
mendapat berkat.
110.Sing jerih ketindhih---Yang hati
kecil tertindih
111.Sing ngawur makmur---Yang ngawur
makmur
112.Sing ngati-ati ngrintih---Yang
berhati-hati merintih.
113.Sing ngedan keduman---Yang main gila
menerima bagian.
114.Sing waras nggagas---Yang sehat
pikiran berpikir.
115.Wong tani ditaleni---Orang (yang)
bertani diikat.
116.Wong dora ura-ura---Orang (yang)
bohong berdendang.
117.Ratu ora netepi janji, musna
panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
118.Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi
menjadi rakyat.
119.Wong cilik dadi priyayi---Rakyat
kecil jadi priyayi.
120.Sing mendele dadi gedhe---Yang
curang jadi besar.
121.Sing jujur kojur---Yang jujur
celaka.
122.Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak
rumah di punggung kuda.
123.Wong mangan wong---Orang makan
sesamanya.
124.Anak lali bapak---Anak lupa bapa.
125.Wong tuwa lali tuwane---Orang tua
lupa ketuaan mereka.
126.Pedagang adol barang saya laris---Jualan
pedagang semakin laris.
127.Bandhane saya ludhes---Namun harta
mereka makin habis.
128.Akeh wong mati kaliren ing sisihe
pangan---Banyak orang mati lapar di samping makanan.
129.Akeh wong nyekel bandha nanging
uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
130.Sing edan bisa dandan---Yang gila
bisa bersolek.
131.Sing bengkong bisa nggalang
gedhong---Si bengkok membangun mahligai.
132.Wong waras lan adil uripe nggrantes
lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
133.Ana peperangan ing njero---Terjadi
perang di dalam.
134.Timbul amarga para pangkat akeh sing
padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
135.Durjana saya ngambra-ambra---Kejahatan
makin merajalela.
136.Penjahat saya tambah---Penjahat
makin banyak.
137.Wong apik saya sengsara---Yang baik
makin sengsara.
138.Akeh wong mati jalaran saka
peperangan---Banyak orang mati karena perang.
139.Kebingungan lan kobongan---Karena
bingung dan kebakaran.
140.Wong bener saya thenger-thenger---Si
benar makin tertegun.
141.Wong salah saya bungah-bungah---Si
salah makin sorak sorai.
142.Akeh bandha musna ora karuan
lungane---Banyak harta hilang entah ke mana
143.Akeh pangkat lan drajat pada minggat
ora karuan sababe---Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
144.Akeh barang-barang haram, akeh bocah
haram---Banyak barang haram, banyak anak haram.
145.Bejane sing lali, bejane sing
eling---Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
146.Nanging sauntung-untunge sing
lali---Tapi betapapun beruntung si lupa.
147.Isih untung sing waspada---Masih
lebih beruntung si waspada.
148.Angkara murka saya ndadi---Angkara
murka semakin menjadi.
149.Kana-kene saya bingung---Di
sana-sini makin bingung.
150.Pedagang akeh alangane---Pedagang
banyak rintangan.
151.Akeh buruh nantang juragan---Banyak
buruh melawan majikan.
152.Juragan dadi umpan---Majikan menjadi
umpan.
153.Sing suwarane seru oleh
pengaruh---Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
154.Wong pinter diingar-ingar---Si
pandai direcoki.
155.Wong ala diuja---Si jahat
dimanjakan.
156.Wong ngerti mangan ati---Orang yang
mengerti makan hati.
157.Bandha dadi memala---Hartabenda
menjadi penyakit
158.Pangkat dadi pemikat---Pangkat
menjadi pemukau.
159.Sing sawenang-wenang rumangsa menang
--- Yang sewenang-wenang merasa menang
160.Sing ngalah rumangsa kabeh
salah---Yang mengalah merasa serba salah.
161.Ana Bupati saka wong sing asor
imane---Ada raja berasal orang beriman rendah.
162.Patihe kepala judhi---Maha
menterinya benggol judi.
163.Wong sing atine suci dibenci---Yang
berhati suci dibenci.
164.Wong sing jahat lan pinter jilat
saya derajat---Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
165.Pemerasan saya ndadra---Pemerasan
merajalela.
166.Maling lungguh wetenge mblenduk ---
Pencuri duduk berperut gendut.
167.Pitik angrem saduwure pikulan---Ayam
mengeram di atas pikulan.
168.Maling wani nantang sing duwe
omah---Pencuri menantang si empunya rumah.
169.Begal pada ndhugal---Penyamun
semakin kurang ajar.
170.Rampok padha keplok-keplok---Perampok
semua bersorak-sorai.
171.Wong momong mitenah sing
diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh
172.Wong jaga nyolong sing dijaga---Si
penjaga mencuri yang dijaga.
173.Wong njamin njaluk dijamin---Si
penjamin minta dijamin
174.Akeh wong mendem donga---Banyak
orang mabuk doa.
175.Kana-kene rebutan unggul---Di
mana-mana berebut menang.
176.Angkara murka ngombro-ombro---Angkara
murka menjadi-jadi.
177.Agama ditantang---Agama ditantang.
178.Akeh wong angkara murka---Banyak
orang angkara murka.
179.Nggedhekake duraka---Membesar-besarkan
durhaka.
180.Ukum agama dilanggar---Hukum agama
dilanggar.
181.Prikamanungsan di-iles-iles---Perikemanusiaan
diinjak-injak.
182.Kasusilan ditinggal---Tata susila
diabaikan.
183.Akeh wong edan, jahat lan kelangan
akal budi---Banyak orang gila, jahat dan hilangakal budi.
184.Wong cilik akeh sing
kepencil---Rakyat kecil banyak tersingkir.
185.Amarga dadi korbane si jahat sing
jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
186.Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan
duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
187.Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit.
188.Negarane ambane saprawolon---Lebar
negeri seperdelapan dunia.
189.Tukang mangan suap saya ndadra---Pemakan
suap semakin merajalela.
190.Wong jahat ditampa---Orang jahat
diterima.
191.Wong suci dibenci---Orang suci
dibenci.
192.Timah dianggep perak---Timah
dianggap perak.
193.Emas diarani tembaga---Emas dibilang
tembaga
194.Dandang dikandakake kuntul---Gagak
disebut bangau.
195.Wong dosa sentosa---Orang berdosa
sentosa.
196.Wong cilik disalahake---Rakyat
jelata dipersalahkan.
197.Wong nganggur kesungkur---Si
penganggur tersungkur.
198.Wong sregep krungkep---Si tekun
terjerembab.
199.Wong nyengit kesengit---Orang busuk
hati dibenci.
200.Buruh mangluh---Buruh menangis.
201.Wong sugih krasa wedi---Orang kaya
ketakutan.
202.Wong wedi dadi priyayi---Orang takut
jadi priyayi.
203.Senenge wong jahat---Berbahagialah
si jahat.
204.Susahe wong cilik---Bersusahlah
rakyat kecil.
205.Akeh wong dakwa dinakwa---Banyak
orang saling tuduh.
206.Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah
manusia semakin tercela.
207.Ratu karo Ratu pada rembugan negara
endi sing dipilih lan disenengi---Para raja berunding negeri mana yang dipilih
dan disukai.
208.Wong Jawa kari separo---Orang Jawa
tinggal setengah.
209.Landa-Cina kari sejodho ---
Belanda-Cina tinggal sepasang.
210.Akeh wong ijir, akeh wong
cethil---Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
211.Sing eman ora keduman---Si hemat
tidak mendapat bagian.
212.Sing keduman ora eman---Yang mendapat
bagian tidak berhemat.
213.Akeh wong mbambung---Banyak orang
berulah dungu.
214.Akeh wong limbung---Banyak orang
limbung.
215.Selot-selote mbesuk wolak-waliking
zaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman